Wajib Ngaji

1. Wajib ngaji wiwit ono ing bandulan tumeko diselehake ana ing kuburan. Aja ngumangake mikir isen weteng, mbesuk mati nemu kubur lewih peteng. Ora liyo kan madangi ing kuburmu anging ngibadah, ati resik tuwin ngilmu.

2. Ngajiho siro karono ilmu iku maesi lan nudhukake ing ahline sarta ngunggulake lan dadi tanda tingkah pinuji.

3. Sapa wonge kang urip khanti nyekeli ilmu agama maka gusti Allah bakal nggampangake wong mau lebu suwargo.

4. Rong raka’at sholate wong alim ingkang waro’ (ngrekso perkara makruh lan subhat) tur zuhud (ora kesengsem ing gebyare dunya) iku lewih utama tinimbang sewu raka’ate wong bodo.

5. Sapa wonge kang ora nduweni guru mursyid (ana ing masalah ilmu tauhid/thoriqoh) maka wong mau bakal den wulang deneng syaiton.


Wajib Ngaji Wajib Ngaji Reviewed by Majelis Welasan on Agustus 04, 2018 Rating: 5

Tidak ada komentar